Senin, 02 Agustus 2010

kesembadan

alhamdulillah.lagi wis pirang dina kepengin mangan jengkol nemen. golet ning warung ora ana bae.jebule bareng digolet, ning wit jengkol nduwur umah esih ana lima mata jengkol nyempil.akhire nganggo gantar karo arit, jengkol mau dipet.

Biyungku sing eman.ning ngisor wit nuturna jengkol sing lagi dadi kelangenanku.Jian bareng wis mudun sekang menek. atiku langsung marem. mlebu ngumah, golet ciri lemah karo muthu. golet lombok ijo karo brambang go dikumbah. karo sepucuk sendok uyah thok, lombok karo brambang kuwe tek gerus dadi sambel...

Sambel smentlep, jere batirku Mahbub sing ora doyan pedhes nyebut jeneng sambel ng umahku. jengkol kulite wis dibuang deng biyungku. baru kuwe aku nyidhuk sega ning panci mejikjer. soale wis pirang wulan kiye biyungku seringe nganggo listrik olih ngesap sega. tapi sering juga nganggo cething.

Sepiring mlengkan aku madhang.tapi limang mata jengkol mung dipangan loro thok.sing telu tek pendhem kon dari beweh.jian...rasane nikmat nemen mangan jengkol karo sambel tlenjeng. pokoke puas bisa madhang wareg kepedhesen ngasi ndhase kemringet gatel....fuh.,..

2 aGUSTUS 2010

Sepenggal waktu yang terabadikan

kiriman foto dari slamet..alias papa ivan.suatu ketika masih SMA sewaktu masih gagah-gagahnya jadi dewan ambalan gatsu (gatot subroto) tapi di foto cuma ada satu cut nyak dien..itupun tak lengkap gambarnya..

wah...akujadi pengin lihat lagi foto-fot yang lainnya. lagi...foto di masa SMA...
tinggal menunggu waktu.foto inipun akan jadi kenangan.suatu ketika.foto mengabadikan waktu yg tak abadi.walaupun benda mati tapi ia hidup ketika ditafsirkan.