Kamis, 24 Juli 2008

wong gemiyen ndeleng terangan

mangsa terangan kaya siki pancen gawe susah wong sing ning desane ora sugih banyu. mangsa terang nyebabna banyu-banyu ning kali, sumur, utawa tuk kuwe pada cilik malahan akeh sing wis padha garing juga, padahal banyu kuwe banget pentinge tumerape wong urip.

siki sing dadi pitakonan kuwe, sebab apa deneng banyu-banyu ning mangsa terang siki banget angele?
aku dadi kemutan karo biyung niniku sing nyeletuk ngomong kaya kiye
"jaman gemiyen tah mboka mangsan terang kaya kiye, apa maning nembe telung wulan kuwe banyu esih akeh.angger jaman siki kuwe aneh. mbuh kepriwe? alame wis owah ndean? apa wonge sing padha kekehen polah merekna dadi kaya kiye..."

"jaman ganu kuwe rampunge mangsa terangan mlebu mangsa rendeng kuwe akeh pertandane misale
1. wit gadhung pada lung
2. gemiyen kuwe ana manuk rangkok sing mabur maring gunung Slamet sekang kidul kuwe pertandane arep udan...
tapi jaman siki kuwe angel, medheke. sebabe wit gadhung wis jarang sing nandur apa maning manuk rangkok sing cucuke dawa, malah wis ora ana ndean"

Tidak ada komentar: